Kamis, 02 April 2020

Aja Kagetan , Aja Gumunan

PUNYA ARTIKEL INGIN DIMUAT DI SINI? KIRIM SAJA KE WA 087849928962
Piye kabare para sedulur?
Ing situs iki , aku arep nyoba gawe tulisan nganggo basa jawa.
Muga-muga panjenengan kabeh mudheng karepe tulisanku.
Maklum , arepa nganggo basa jawa , nanging jawaku iki ora jawa sing baku.
Istilahe waton muni.
Sak plok-e donya iki kena wabah virus , pranyata akeh bab-bab anyar sing mbiyen ora nate kaprungu saiki dadi bahan pembicaraan.
Mbiyen ora dilakoni saiki dilakoni

Bab-bab kuwi mau antara liya bab virus, social distancing, bantuan pulsa , bantuan listrik , lan liya-liyane.

Akeh kanca-kancaku sing dha diskusi , tanya jawab , malah nganti dadi debat.

Malah sing lagi wae yaiku ibadah keluwarga, persekutuan keluwarga, persekutuan doa keluwarga.

Kanggo kelancarane komunikasi malah saiki ora mung njagakake Whatssapp thok , nanging dha nganggo aplikasi Zoom.
Tujuane yaiku ben tetep isa komunikasi  kanthi lancar lan penak.

Para sedulur kabeh , kang perlu kita tindakke yaiku selain tindakan sing ketok mripat , kita kudu tansah eling iya kuwi kita kudu tetep ndonga, nyuwun marang Gusti Allah supaya wabah iki enggal sirna , enggal rampung.
Piye-piyea  nyatane Gusti Allah kuwi kang nguwasani donya lan saki sine.

Wis ya para sedulur, maturnuwun panjengan wis kersa pinarak ing situsku iki.

Nuwun



Aja Kagetan , Aja Gumunan

PUNYA ARTIKEL INGIN DIMUAT DI SINI? KIRIM SAJA KE WA 087849928962 Piye kabare para sedulur? Ing situs iki , aku arep nyoba gawe tulisan ...